Senin, 25 Mei 2015

Kata Bijak Inspirasi

Teks Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan Terbaru 2015 - Kumpulan Teks Pidato
Kumpulan Pidato. Pidato merupakan suatu bentuk penyampaian saran maupun kritik yang mendukung kepada orang-orang tertentu(sesuai tema acara) dan juga Pidato  sangat penting karena Pidato yang disampaikan dengan baik akan dapat merubah sistem cara kehidupan masyarakat. Teks pidato yang baik adalah Teks Pidato yang berisi materi-materi menarik yang sesuai dengan Judul/Tema acara yang berlangsung. untuk Pidato Pendidikan berikut ini adalah contoh Teks Pidato untuk Pendidikan
. .
Dumateng Poro Bapak, poro Ibu, Hadirin sekalianingkang kulo hormati !
Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo mujisyukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT ingkang sampun paring pinten-pintenRohmat, Nimat, dumateng kulo, lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lanpanjenengan saged karoyo-royo bucal thempo ninggalno griyo, ninggal bondho lanrojo koyo sami saget rawo wonten ing majlis puniko boten ategas prawan golekjoko, utawi dudo golek rondho. Nanging leres-leres golek ilmu Agomo. Ilmu singkeno kangge sangu dateng griyane moro tuwo. Shoho ilmu sing keno kangge sangunengadep datang kang moho kuoso.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
Sebagai pengajak kulo monggo iang saat meniko kulo lanpanjenengan samiho niat ngaji. Niat ibadah dateng ngarsanipun Allah SWT.Keranten pancen dados tiyang Islam lho Pak?! Bu?! Ngaji niku wajib tumrap kitosedoyo. Kanjeng Nabi dawoh :
( )
Bilih pados ilmu meniko dipun fardhuaken tumrapsaben-saben tiyang Islam jaler lan istri
Soho kanti hadist meniko kito sampun jelas bilih padosilmu meniko merupakan proses ingkang serba terus tanpa wonten bates waktu baikkapanpun, dimanapun dan dalam keadaan bagaimanapun. Dados senajan tiyangnipunsampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, ora tedas peyek, meniko tetep kewajibanpados ilmu.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Keranten tiyang niku menawi boten gadah ilmu senajantoh ibadah sampek jungkir balik, utawi ibadah mempeng, tapi boten dipun ilmunimeniko tiwas bal gedual.
Tiyang niku menawi boten gadah ilmu, ngamalipun botendipun terimo dening Alloh. Mardudatun Laa tugbalu.
Pramilo sangkeng meniko, monggo Poro Rawoh sedoyoterutama adik-adik lan generasi Muda-mudi remaja Islam. Kito tingkataken anggenkito belajar. Supados benjang angsal ilmu ingkang katah lan manfaat soho ilmuingkang saget beto bahagia lan wilujeng donyo lan akherat. Hal meniko cocokkalian dawohipun Alloh wonten Al-Quran, Surat Al-Mujadalah ayat 11
Allah bade ngangkat derajatipun tiyang-tiyang ingkangberiman lan tiyang-tiyang ingkang nggadahi ilmu dateng pinten-pinten derajat
Tapi sawangsulipun menawi kito boten anggadahi ilmuboten saget ngaji lan boten purun belajar lan boten sekolah, tengriyo namungkluyur-kluyur jogrok klimprak-klimprik kados sarung goyor, niku nggih botenpatut, sampun ketinggalan jaman. Amargi, niki sampun jaman merdeka boten kadosjaman penjajah. Saniki sampun kathah sekolahan sampun kathah tempat-tempatpendidikan. Pramilo monggo kito tingkataken anggen kito belajar, pados ilmupengetahuan ingkang kathah. Soho dumateng poro Bapak, Ibu sampun ngantosketinggalan, ojo sampek gadah putro sing lolak-lolok, boten purun sekolah,boten purun ngaji, boten purun datang masjid, datang langgar, lansanes-sanesipun. Keranten lare niku menawi boten kenal pendidikan, nopo malehpendidikan Ilmu Agama. Niku nggeh nyusahaken tiyang sepuh nipun. Menawikentandang gaweh boten purun. Sabendino ngenteno sego, jaluki duwit, dituturi boten manut, karo Ibu nesu, karo bapak galak, karo Embah mbantah, karoKakang mbangkang, karo Paklek mendelik, karo Pakdhe gumedhe, karo dulurngladur, karo tonggo ora duwe dugho. Diajar nangis, kon minggat boten budal, diguwak moleh bendino ngentekno sego, didhol ora payu Akheripun tiyang sepuhipunnamung susah, gelisah pikiran jibek napas sesek, dodo ampek, awak dredek,kuping gemrebek weteng muneg-muneg, irung pilek, awak sak kujur rasane dredek,bendino kur telek-telek mergo duwe anak ndablek kon mergawe ora untek menengahemalah mbegegek lek ngeteniki tiyang sepuh susah menopo boten? Poro Bapak PoroIbu? Mulane monggo putro-putrine dipun didik ingkang saestu supados leres-leressaget kados lare ingkang berguna bagi Agama, Bangsa lan Negoro, Soho ingkangsaget menjunjung tinggih Harkat lan Martabat tiyang sepuhipun kaleh. Ingkangcocok dawohipun kanjeng Nabi
Sabagus-baguse menongso yoiku sing manfaat marang,menungso liyane
Poro rawo ingkang kulo hormati !
Kintenipun cekap semanten atur kulo, kiranglangkungipun kulo nyuwun pangapunten.

                      Kunjungi SITUS berikut ini ia sobat :)

Kata Bijak Inspirasi

Artikel Terkait

Kata Bijak Inspirasi
4/ 5
Oleh

Berlangganan

Suka dengan artikel di atas? Silakan berlangganan gratis via email